Rame temenan kayane proses pemilihan bupati tegal sing rencanane repan dianakna tanggal 26 oktober 2008 mengko.
Maca-maca suara merdeka jarene ana 6 pasangan sing repan maju, tapi pas pengumuman KPU nomor urut dane mung 4 (patang) nomor sing olih nomer. Mbuh, ora ngerti endi sing bener, mungkin bae sing loro ora teka pas njuput nomor urute. Maklum, nyong wis lawas ora balik maring Tegal, dadi informasi tegal sing paling anyar ora ngerti. Muga badanan bisa balik, trus ndopok karo keluarga karo jakwir-jakwir kabeh.
Tapi Nyong ngarep muga bae tegal tetep adem ayem, ora ana rusuh-rusuh karna pilbut kiye. Senajan ana ribut-ribut calon bupati agus (incumbent) karo ketua KPU merga kasus agus ngantem ketua kpu, muga ora dadi kedawa-dawa. Trus engko sing kalah legawa, sing menang amanat.
Tegal jaya yah… bupati karo jajarane engko, dewan, karo pengadilane amanah.